Ayo Pakai Bahasa Daerah
Sepurane sakdurunge, aku nules blog iki nggawe boso jowo. Boso jowone khas wong jawa timur ambek suroboyo. Dadi rodok kasar-kasar piye ngunu. Sepurane yo rek... hehehe. selain boso indonesia seng dadi boso wajib negoroku, Boso jowo yo dadi boso daerah ku. Nek gak ngene engkok sopo maneh seng isok ngelestarekno boso daerah ku dewe. Nek gak dimulai teko awakku dewe. Mambengi, pas aku gak isok turu ambek koncoku. Aku mbahas tentang indonesia rek. Indonesia iku uwapik looh rek. Ojok mbok ilok-ilokno ae, ojok di adu-adu. Sumpek aku ngeasaknoe. Koncoku ngomong nang aku nek onok wong ngelekno indonesia, arekke kuduk njundu wong seng ngilokno indonesia iku mau. Kuduk ngguyu aku ngerungoknoe. Koyok wanio njundu. Hahaha. Terus jare areke maneh, ancenan nek pean-pean ngerti indonesia secara mendalam, pasti lak langsung jatuh cuwinta pol ambek indonesia. ...